Rabu, 29 Januari 2014

PRATANGGA PATI

Cahyamu tansah sumunar nora tahu lerem senajan wukir jugrug tur jaladri asat....

Sumunare netramu dadi pepadange jagat ngarcapada...

Wayah rahino padang jinglang mawa wayah wengi hanerangi purnama sidi..

Mung panyuwunku mring Gusti Jati hamugio adedhasar sepi ing pamrih rame ing gawe hamemayu hayuning bawana tumanduko mring solah bawane para jalma...

Ngagesang bebrayan agung tumuju ing siti inggil...

Kinanthi jumbuh pratangga pati ing jagad cilik

Rahayu Rahayu Rahayu_/\_

PAPAT DALAN OETOMO

Menehana teken marang wong kang wuto

Menehana mangan marang wong kang luwe

Menehana klambi marang wong kang udo

Menehana ngiyup marang wong kang kudanan

Pawarta saking para leluhur estunipun para wali ing tlatah jawa

Sumangga mbok bilih kersa nindakaken sinambi hanguri uri wejangan kina..Rahayu